Dening : Budiono Dayak
Ingkang dipun wastani Purusa III inggih punika tiyang sanes ingkang boten tumut rembagan. Tiyang rerembagan punika manawi nyebat tiyang sanes, kala-kala boten nyebat tembungipun sesulih. Dene tembung sesulih kangge Purusa III inggih punika “dheweke”. Tembung dheweke kramanipun piyambakipun, dene krama inggilipun panjenenganipun.
- 1. Tembung sesulih “dheweke”
Tuladha panganggenipun :
Dheweke saiki nyambut gawe ing Kediri.
Saben dina setu dheweke mesti mulih
Tembung sesulih dheweke manawi kadadosaken ater-ater dados di. Tuladha panganggenipun :
Saben dina Minggu bojone ditiliki.
Saben mulih bojone mesthi diwenehi dhuwit.
Tembung sesulih dheweke menawi kadadosaken panambang dados a utawi ne. Tuladha panganggenipun :
Bayare akeh, omahe arep dibangun.
Anake padha disekolahake.
- 2. Tembung sesulih “piyambakipun”
Tembung piyambakipun punika kalebet tembung krama, mila wonten raos ngajeni. Tuladha panganggenipun : ngoko = krama
Dheweke nyambut gawe ing Kediri = Piyambakipun nyambut damel ing Kediri.
Saben Setu dheweke mulih = Saben Setu piyambakipun mantuk.
Tembung sesulih piyambakipun manawi kadamel ater-ater dados dipun. Tuladha : krama = krama
Anake disekolahake kabeh = Anakipun dipun sekolahaken sedaya.
Bojone ditukokake kalung = Bojonipun dipun tumbasaken kalung.
Tembung sesulih piyambakipun manawi kadamel panambang dados ipun. Tuladha : ngoko = krama
Omahe = griyanipun
Anake = anakipun
Bojone = bojonipun
Bapake = bapakipun
- 3. Tembung sesulih “panjenenganipun”
Tembung panjenenganipun kalebet tembung krama inggil. Tuladha : ngoko = krama = krama inggil
Dheweke nggawe omah = Piyambakipun ndamel griya = Panjenenganipun ngasta dalem.
Dheweke tuku mobil = Piyambakipun tumbas mobil = Panjenenganipun mundhut mobil.
Tembung sesulih panjenenganipun manawi kadamel ater-ater dados dipun, nanging prayogi dipun tambahi panjenenganipun.
Bukune dijaluk Amin.
Bukunipun dipun pundhut Bu Guru.
Bukunipun dipun pundhut panjenenganipun Bapak Bupati.
Manawi kadamel panambang dados dalem.
Bojone Pak Setu.
Garwanipun Bu Guru.
Garwa dalem Pangeran Samber Nyawa.
Panganggenipun dalem tumrap panambang.
Anakmu = putra nandalem
Anake Sang Prabu = putra dalem Sang Prabu
Bojomu = garwa nandalem
Bojone Ratu = garwa dalem Ratu
Ater-ater di utawi dipun saget dipun gantos mawi ater-ater ka utawi seselan in. Tuladha : ngoko = krama = krama inggil
Dipangan = kapangan = pinangan
Dipun tedha = katedha = tinedha
Dipun dhahar = kadhahar = dhinahar
Ukara Ngoko, Krama lan Krama Inggil
Tuladha panganggenipun tembung ngoko, krama, lan krama inggil ing ukara.
- Wong = tiyang = priyantun
Ana tamu wong Tulungagung.
Wonten tamu tiyang Tulungagung.
Wonten tamu priyantun Tulungagung.
Tamune wong lanang.
Tamunipun tiyang jaler.
Tamunipun priyantun kakung.
Mbah lanang wis tuwa.
Mbah jaler sampun sepuh
Eyang Kakung sampun sepuh.
Mbah wedok isih ketara enom.
Mbah estri taksih ketingal enem.
Eyang putri taksih ketingal timur.
Awake Bapak gedhe dhuwur.
Badanipun Bapak ageng inggil.
Sariranipun Bapak ageng inggil.
Sutik lara malaria.
Sutik sakit malaria.
Eyang putri gerah malaria.
Umi saiki wis waras.
Umi samangke sampun saras.
Eyang putri samangke sampun dhangan.
Rivana turu ing kamar mburi.
Rivana tilem ing kamar wingking.
Ibu sare ing kamar ngajeng.
Aku jam papat esuk wis tangi.
Kula jam sekawan enjing sampun tangi.
Ibu jam sekawan enjing sampun wungu.
- Brengos = brengos = gumbala/rawis
Paklik ngingah brengos.
Eyang kakung ngingah gumbala.
Eyang kakung kagungan rawis.
Kapethik saking : Panjebar Semangat Nomer 37 tanggal 11 September 2010