Ukara camboran (kalimat majemuk) yaiku ukara sing dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang digandheng dadi siji. Gandhenge ukara lamba dadi ukara camboran lumrahe migunakake tembung pangiket, kaya ta lan, nanging, mulane, utawa tandha wacan koma (,). Ukara camboran ana telu jenise kaya ing ngisor iki.

1.Ukara Camboran Sejajar (Kalimat Majemuk Setara)

Ukara camboran sejajar yaiku ukara camboran kang dumadi saka kumpulane ukara lamba loro utawa luwih.

Tuladha :

Ula mau bisa caturan kaya manungsa lan bisa mujudake apa-apa sing maune ora tinemu nalar kaya mbarang sulapan.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara lamba

a.Ula mau bisa caturan kaya manungsa.

b.Ula mau bisa mujudake apa-apa sing maune ora tinemu nalar kaya mbarang sulapan.

Ukara camboran sejajar uga ana kang nuduhake kosok balen. Tegese ukara kang siji surasane kosok balen karo ukara liyane.

Tuladha :

Mbok Randha bingung anggone kepengin nuruti panjaluke anake, nanging uga kaweden Manawa oleh duka saka retune.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara, yaiku :

a.Mbok Randha bingung anggone kepengin nuruti panjaluke anake.

b.Mbok Randha uga keweden menawa oleh duka saka retune.

Rong ukara kasebut karaketaken nganggo tembung penggandeng nanging

Ukara camboran sejajar uga bisa nelakake sebab-akibat. Tegese ukara kang siji surasane dadi sebab utawa akibat ukara liyane.

Tuladha :

Wong-wong padha wedi marang kowe, amarga wewujudanmu ora lumrah.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara, yaiku :

a.Wong-wwong padha wedi marang kowe.

b.Wewujudanmu ora lumrah.

Rong ukara kasebut karekatake nganggo tembung panggandheng amarga.

2.Ukara Camboran Raketan (Kalimat Majemuk Rapatan)

Ukara raketan yaiku ukara camboran kang gathuke ukarane luwih raket nganti ana peranganing ukara siji ora kasebutake maneh. Amarga wis dikandhakake ing ukara sadurunge. Perangan kang karaketake bisa jejer (J), wasesa (W), lesan (L), katerangan (K).

Tuladha :

Untung Surapati banjur nesu lan merjaya letnan Walanda.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong tembung, yaiku :

a.Untung Surapati banjur nesu.

b.Untung Surapati merjaya letnan Walanda

Ukara kasebut kagandheng dening tembung panggandheng lan. Dene sing ngraketake jejere (Untung Surapati)

3.Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)

Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih, nanging ukara sing siji dadi katrangan ukara liyane. Ukara camboran susun uga diarani ukara camboran ora sejajar.

Tuladha :

Untung Surapati banjur diwenehi pakaryan nyekel Pangeran Purbaya, putra Sultan Agung saka Banten kang oncat menyang Priangan.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong tembung

a.Untung Surapati banjur diwenehi pakaryan nyekel Pangeran Purbaya.

b.Pangeran Purbaya, putra Sultan Agung saka Banten kang oncat menyang Priangan.

Ukara kapisan minangka ukara baku (kalimat inti), dene ukara kapindho minangka ukara pang (anak kalimat)

Tuladha liyane :

a.Nina kae anake wong sugih, nanging watake andhap asor.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Nina kae anake wong sugih.

Nina kae watake andhap asor.

b.Bapak maos Koran, ibu jait klambi, lan aku sinau ing kamar.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Bapak maos Koran.

Ibu jait klambi.

Aku sinau ing kamar

c.Aku mempeng sinau, kareben lulus sekolah.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Aku mempeng sinau.

Aku pengen lulus sekolah.

d.Bocah kuwi nakal banget, mulane ora disenengi kanca-kancane.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Bocah kuwi nakal banget.

Bocah kuwi ora disenengi kanca-kancane.

e.Disti bocah jujur tur ora gelem nglarani atine kancane.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Disti bocah jujur.

Desti ora gelem nglarani atine kancane.

f.Aku ora sida lunga menyang Magelang amarga ora dikeparengake bapak.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Aku ora sida lunga menyang Magelang.

Aku ora dikeparengake Bapak menyang Magelang

g.Budi melu pelajaran ekstrakurikuler pramuka, dene Danu melu pelajaran musik.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Budi melu pelajaran ekstrakurikuler pramuka.

Danu melu pelajaran musik.