Layang iku umume arapa dluwang sing tinulisan dikirimake minangka gantine rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalane.

Warna-warnane layang:

  • Layang biwara (layang lapuran, layang keterangan)
  • Layang Iber-iber (layang edaran, layang Kiriman, ana sambung rapete karo sedulur)
  • Layang Dhawuh (layang perintah, layang tugas, ana sambung rapete karo kantor)
  • Layang Ulem (layang undangan)
  • Layang Lelayu
  • Layang Kitir (layang kang ditulis cekak aos)

Perangane layang

1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratelake papan kutha lan tanggal panulise layang.

2. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.

3. Adangiyah (adawiyah). Mratelake unggah ungguhing basa paprenahe kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang. Apa marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamane pakdhe budhe.

a. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu           diajeni.

b. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhane.

c. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkate luwih dhuwur.

d. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.

e. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya         anake dhewe.

f. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha.

g. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.

h. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwane dhewe, umpamane :              Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.

i. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamane : marang ipene        kang kaprenah tuwa.

j. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging                   kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan        sapiturute. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau.      Amarga ana pakèwuhe anggone arep nandukake unggah-ungguh.

4. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layanging padatan anelakake awèh atur kabar kaslametan kasarasan lan katentreman.

5. Isi (surasa basa). Mratelake apa sajatine isi layang.

6. Panutup (wasana basa). Panutup isi adate pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.

7. Tapak asma.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Layang

Tuladha :


Layang Ulem :

Gombong, 5 Agustus 2009


Kanggo kanca-kancaku sing taktresnani

Ing papane dhewe-dhewe

Nuwun,

Nyaosi kawuningan bilih pahargyan dinten kamardikan bangsa kita sampun badhe dipun pengeti, pramila sampun wigatos sanget kagem sedaya panitia pengetan kasebat ngawontenaken rapat panitia. Acara punika badhe kaleksanan :

dinten : Setu

tanggal : 8 Agustus 2009

wektu : 19.30 – bibar

mapan ing : Gang Jambu No. 3 Gombong

kawigatosan : Rapat Panitia Pengetan Dinten Kamardikan RI

Saestu, rawuh panjenengan sedaya dipun antu-antu amargi acara kasebat wigatos sanget.

Pangarep-arep lan atur panuwun ngiring panutuping layang iki.

Ketua

Eka Purwa


Layang Pribadi :

Salatiga, 10 januari 2009

Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen

Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak                                  ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi                                        Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapak                            lan ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak                                  ibu punapa dene ingkang wayah badhe sowan eyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton                                        Surakarta, ningali tetilaripun para raja.

Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun                            pangapunten.

Ingkang wayah Sukartini

Margi Dipanegara angka 136


Layang Kitir :

Mas Panggah, manawi kepareng lan dados renaning penggalih mangkeh sonten sak bibaripun nyambut damel kula tengga wonten griya kula, badhe pirembagan babagan sekolahipun Dik Pinasti wonten Jogja. Kula tengga rawuhipun.

Adhimu

Kutowinangun, 1 Desember 2009

Pantes

About these ads