Dening : Karnoto
Yen ngrembug bab sengkalan ing jaman saiki wong Jawa dhewe akeh sing wis ora mudheng utawa wis ora kenal maneh, karana kejaba angel cak-cakane pancen kanggo “komunikasi” padinan wis ora digunakake. Ya mung wong-wong sing kegolong sarjana sujana sastra jawa wae sing isih mersudi kanthi njlimet ing babagan sengkalan kang kelebu golonganing kasusastran jawa kang bakal ditularake ngelmune liwat pamulangan luhur. Kadhang kala isih ana kang mbutuhake yakuwi yen ana kadang sing kulina ngripta cakepan macapat Kinanthi kanggo pungkasan diselipake nganggo ukara sengkalan.

Utawa ana maneh sok kalamangsane ana kang mbangun ngedegake gedhung, gapura lan liya-liyane ditengeri nganggo ukara sengkalan kanggo pangeling-eling taun ngadege. Ing ngisor iki penulis kepengin urun-urun ngudhari bab sengkalan, ya sagadhuk-gadukku miturut pangertenku kang ora misra iki.

Ngudhari sengkalan dititik saka teges kang gampang yakuwi panulising taun awujud ukara nganggo tembung-tembung kang nduweni makna watak angka 0 nganti 9 lan pamacane diwalik saka mburi.

Yen dititik miturut “etimologi”, sengkalan saka tembung Caka kala kang nduweni teges itungan dina/wektu manut taun Caka. Taun Caka iku umure padha karo taun Masehi yaiku 365/366 dina saben taune. Ing jaman Mataram Islam taun Caka kekepyakake dadi taun Jawa sing umure padha karo taun Hijriyah yaiku 354/355 dina saben taune.

Sing ndhawuhake owahing taun Caka dadi taun Jawa kuwi ora liya Kanjeng Sultan Agung Hanyakrawati kawiwitan tanggal 1 Sura 1555 taun Jawa, perlu dingerteni yen taun 1555 taun Jawa kuwi dijupuk saka taun Caka. Lan taun iku uga padha karo taun 1633 Masehi. Sarehning taun Jawa kuwi padha karo Taun Hijriyah mula umure banjur owah manut pletheking mbulan.

Taun anyar ing ndhuwur katelah taun Sultan Agung utawa taun Jawa sing nganti saiki kita anut kanthi pletheke 1 Sura minangka tanggap warsa taun Jawa sing umume kasebut Suran. Nadyan kala semana Kanjeng Sinuhun Sultan Agung ndhawuhake tumapaking taun Jawa tumrap saindenging Negara Mataram ewa semono taun Caka isih digunakake.

Dadi dudutane taun Jawa wiwitane taun 1555 Caka = 1633 Masehi = 1043 Hijriyah.

Wiwit jaman kuwi sengkalan manut taun Jawa diarani Candra sengkala awit nganggo pathokan thukule rembulan dene yen manut taun Masehi diarani Surya sengkala awit nganggo pathokan thukule srengenge.

Miturut wujude sengkalan kaperang dadi loro yakuwi sengkalan memet lan sengkalan lamba. Sengkalan memet yakuwi sengkalan sinandi kang awujud gambar, pepethan, reca, wayang, wewangunan, lan liya-liyane, kang bisa diwujudake tembung, tuladhane kaya ing ngisor iki :

1. Ana wujud gambar ula loro ulet-uletan dadi siji ditegesi wujud tembung : “Dwi Naga Salira Tunggil”, yen ditulis taun = 1882.

2. Ana maneh gambar naga mabur ditumpaki manungsa ditegesi tembung : :Naga Muluk Tinitihan Janmi”, yen tinulis taun = 1708.

Dene sengkalan lamba wis tak aturake ing ngarep yakuwi wujud tembung-tembung kang pamacane saka mburi. Tuladhane kaya ing ngisor iki :

1. Nembah Trus Sabdaning Nata, yen tinulis taun = 1792

2. Tangan Yaksa Satata Janma, yen tinulis taun = 1452

Carane negesi tembung-tembung kanggo nggawe sengkalan kuwi ngelingi marang pangrimbage tembung-tembung ing antarane :

1. Guru dasa nama : tembung-tembung kang nduweni teges watek/sipat kang padha utawa meh padha. Tuladhane : bumi, siti, lemah, bantalan, pratiwi tegese duwe watak siji,

2. Guru sastra : tembung-tembung sing tulisane padha utawa meh padha ditegesi watak padha, tuladhane : hesti tegese gajah nduweni watak wolu, esti tegese cipta ya nduwe wateg wolu.

3. Guru wanda : tembung-tembung pakecape padha utawa meh padha ditegesi watak kang padha, tuladhane : dadi, udadi, waudadi nduweni wateg papat.

4. Guru warga ; tembung-tembung wujud apa wae sing sak warga diwateki padha, tuladhane : geni, latu, api, pawaka, lsp. Nduwe watek telu.

5. Guru karya : tembung-tembung sing nduweni teges tandang tanduk, pagaweyan tembung uga diwateki padha, tuladhane : mata watake loro, mangka mata kanggo ndeleng mula ndeleng uga diwateki loro.

6. Guru sarana : jenenge piranti sing kanggo nindakake sawijining pagawyan, tuladhane : ilat watake nem, ilat kanggo ngrasakake mula rasa nduweni watak nem.

7. Guru darwa : tembung kang nerangake kahananing barang diwateki padha karo barang sing kadunungan, tuladhane : geni kahanane panas, sarehning geni wateke telu mula panas nduweni watak telu. semono uga banyu kahanane ayep watake papat, buta lan galak watake lima.

8. guru jarwa : tembung kang nduweni teges padha diwateki padha, tuladhane : sarpa = ula watake wolu, maruta = angin wateke lima.

Ing ngisor iki tuladha tembung-tembung sing nduweni watek nol nganti tekan sanga.

Watak siji : bumi, siti, srengenge, wulan, lintang, ratu, nalendra, bupati, gusti, pangeran, jalma, manungsa, bhuda, medhini = siti, awani = siti, rupa lan sapanunggalane.

Watak loro : samubarang kang sarwo jodho, kembar, loro sarta nduweni laku lan tumindake upamane : penganten, mripat, kuping, tangan, swiwi, sembah, laku, tebak, rungu, abur, peksi, sungut, bau, bhuja = tangan, suguh, kembar, kanthi, alis, pipi, lsp.

Watak telu : geni, pawaka, panas, urub, nala, ujwala = sorot, ratna, putri, guna, kaya, lir, pindha, kadi, rana, kawruh, wedha, teken (trisula), api, brama, jatha, tri, lsp.

Katerangan :

– pawaka nduweni watak telu amarga manut Agastya parwa Sang Swana lalan Sang Agni duwe putra telu yaiku Pawaka, Pawamana, lan Suci. Pawaka sorot kang dumunung ing bumi, Pamawana ing banyu dene Suci minangka soroting srengenge.

– Ratna nduweni watak telu jalaraqn manut S. H. Kamahanikan jeneng Tri Ratna yaiku Bhuda, Dharma, lan Sangga. Makna liya yaiku kaya = badan, wak = wacana (catur), lan citta tegese ati.

– Guna utawa tri guna watak telu nduweni sipat telu yaiku watta =kesucian, rajah = kekarepan (napsu), tamah = pepeteng (liwung). Ana ing Bali sipat iki diwujudake warna : putih, abang, lan ireng (biru tuwa).

– Teken : nduwe watak telu amarga Sang Hyang Ciwa tansah ngasta teken awujud trisula.

– Lir, pindha : awatek telu awit tembung kuwi minangka guru darwane kaya.

Watak papat : segara, lepen, wedang, marta warna, jaman, yuga, kerta, karya, gawe, udadi, waudadi, sindhu, udan, woh, arnawa.

Watak lima : Gata, gati, tata (kabeh tegese angin), angin lesus, prahara, panah, wana, wisaya, mrega (buroning alas), bajra, kilat, margana, bisikan, wicikha = panah, guling, gulika = mimis, indriya, maruta.

Watak enem : Rasa (pahit = tikta; lona = pedhes; kecut; kyasa = gurih; dura =asin; sarkara = manis), hartati, madu, rars\as, susah, ilat, kilat, lidhah, wayang, ayang-ayangan.

Mangsa umure rong sasi dadi setaun ana nem mangsa mula taun, tahen, mangsa nduweni watak nem.

Watak pitu ; Pandhita, resi, wiku, wasita, piwulang, muni (maha muni = pandhita), gunung, ancala, gung, luhur, imawan, tunggangan, titihan jaran, turangga, kuda.

Watak wolu : Astha, hesti, gajah, nagha (gajah), sarpa, ula, naga, bhujangga, brahmana (wasu, astha, basu), basuki (dewa), murti, slira, baya, cecak, mangesthi, tengah, madya.

Watak sanga : rong, leng, babahan, lawang, gapura, guwa, pintu, wiwara, bolongan, terus, song, bedhah, butl, trustha, manjing, menga, dewa, angga, sangga, sanga, jawata, ganda, wangi.

Watak sepuluh (nol) : suwung, kosong, sonya, musna, nir, rusak, tanpa, ilang, kombul, muluk, langit, das, wuk, surud, sempal, asat, barkan (burukan).

Ing ngisor iki tuladha sangkalan sawetara kang ana nganti saiki kanggo pengetan sawijining panggonan utawa diselarasake karo lelakon kang dipengeti.

1. Sirna Ilang Kertaning Bumi (1400) : titi mangsa sirnaning Majapait ukarane apik isine laras karo sing dipengeti.

2. Kaya Wulan Putri iku (1313) : sengkalan iki ketemu ana Trowulan (Majapait), kacarita pengetan tumrap candhine putri Cempa.

3. Sirna Sarpa Naga Raja (1880 Jw = 1949) yaiku rame ngumandhanging kutha Ngayogyakarta merlambangi arep sumingkiring bangsa Walanda saka bumi Indhonesia nalika semana ibukota RI ana ing Ngayogyakarta.

4. Rupa Sirna Retuning Bumi (1601) titi mangsa kecekele Trunajaya.

5. Murud Sinare Magiri Tunggil (1750) pengetan sedane Sinuhun Pakubuwana Kaping V.

6. Rasaning Maharsi Winulang mring Sunu (1776) sedanipun Kanjeng Gusti Mangkunegara Kaping IV.

7. Janma Trus Kaswareng Gusti (1791) titi mangsa ing Hidayat Jati.

8. Rasa Gita Esthining Linuwih (1856) titi mangsa panulise serat Bancak Dhoyok mbarang jantur.

Sabanjure ing ngisor iki arep dak aturake sengkalan kang ana ing serat utawa tembang :

Serat Lokapala :

Rebo Pon panitraning manis,

Jumadilawal jemawal warsa,

Ehe ping wolulikure,

Kaneming julung pujud,

Sri tumurun manuju dadi,

Paningron sang Hyang Maya,

Hijrah nabi sewu,

Rong atus wandasa gangsal,

Sinengkalan Wiku Misik Swara tunggil,

Neng barisan Pijenan.

Dadi panganggiting serat ing ndhuwur katiti mangsa taun Jawa 1757 utawa padha karo taun 1245 Hijriyah.

Serat Rama :

Tabuh sapta nulya Budha manis,

Sura kaping tigang ndasa,

Ing mangsa kapat wukune,

Kurantil Je kang taun,

Sirneng Tata Pandhita Siwi, (1750)

Sangkala duk manurat,

Agnya maha nurun,

Mangu langening carita,

Caritane Bathara Rama ing kawi,

Jinarwakening krama.

Sanajan wis nguwasani pathokan panggawening sengkalan, nanging yen “kepengkok ing panca baya, ubayane mbalenjani”, mula perlu latihan utawa gladhen tanpa kendhat saengga pamilihe tembung bisa pas kang dikarepake. Mula saka kuwi penulis bakal nyoba ngaturake tuladha sawetara taun kang tau tak ngerteni kaya ing ngisor iki.

A. Taun 1981 Masehi :

1. Manunggaling Pujangga Trusing Gusti.

2. Janma Mangesthi Trusing Gusti

3. Putraning Pujangga Sekaring Bumi

4. Iku Manggala Aruming Bawana

5. Rupa Cipta Ing PikirB.

Taun 1913 Jawa

1. Katon Prabu Kusumaning Rat

2. Tri Tunggal Trusing Ati

3. Geni Iku Trus Urip

4. Kobaring Pikir Tembusing Ati

5. Kaya Anak Ambuka Pikir

C. Taun 1982 Masehi

1. Mulat Salira Trusing Ati

2. Nyembah Ngesthi Trusing Gusti

3. Jumbuh Pangesthi Trusing Budi

4. Kanthi Basuki Trusing Allah

5. Dwi Hasta Nawa Tunggal

D. Taun 1914 Jawa

1. weninging Semedi Ambuka Budi

2. Sucining Ati Trusing Budi

3. Wening Iku Jawataning Praja

4. Wedharing Tyas Ambuka Nala

5. Karya Iku Ambedhah Ati

E. Taun 1983 Masehi

1. Katon Mangesthi Trusing Gusti

2. Tri Murti Dewaning Urip

3. Mantri Nayaka Sekaring Bumi

4. Katon Dwipangga ing Gapura Iku

5. Gunaning Pujangga Ambuka Praja

F. Taun 1915 Jawa

1. Tataning Wong Trus Manunggil

2. Buta Raja Guwa Iku

3. Wisikan Iku Tembusing Ati

4. Jendheping Budi Trusing Ati

5. Marga Iku Korining Ratu

G. Taun 1984 Masehi

1. Karya Bebaya Wadaning Praja

2. Karya Raharja Panggedhening Praja

3. Dadi Pujangga Ambuka Praja

4. Sucining Salira Trusing Budi

5. Gawe Pakewuh Trusing Nala

H. Taun 1916 Jawa

1. Manising Ati Trusing Budi

2. Retuning Bawana Trusing Praja

3. Rasaning Nala Ambuka Ngaurip

4. Wayang Wong Kusumaning Janma

5. Dhandhanggula Iku Sekaring Ngaurip

I. Taun 1985

1. Panca Hasta Nawa Tunggal

2. Marga Basuki Trusing Ati

3. Wisikaning Pujangga Trusing Ratu

4. Tata Salira Aruming Bawana

5. Panataning Brahmana Kusumaning Bawana

J. Taun 1917 Jawa

1. Pandhita Iku Trus Semedi

2. Resi Budha Sekaring Bumi

3. Pituturing Wong Ambuka Budi

4. Gunung Iku Nembus Bumi

5. Pituturing Ratu Ambuka Wardaya

Tuladha-tuladha ing ndhuwur mujudake sawetara taun-taun kang dak jupuk saka buku kang dienggo ing pamulangan UNS Solo rikala taun 1989 kepungkur, kanthi tuladha kuwi muga bisa migunani tumrap para kadang kang mbutuhake lan tak suwun pamilihe ora kudu pleg utawa pas karo conto ing ndhuwur nanging bisa dijupuk/dipilih tembung mbaka tembung digathukake karo kabutuhaning taun kang dikarepake.

Kang pungkasan anggonku atur reroncen ing babagan sengkalan ya mung kuwi awit saka cupet sarta pamawasing sesurupan mula saka kuwi mbok menawa ana kurang patitis andharan ing ndhuwur nyuwun lumunturing pangaksama.
Kapethik saka : Panjebar Semangat Nomor 39 Tanggal 25 September 2010