Sesorah wonten ing basa Indonesia dipun sebat pidato. Sesorah yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah. Sesorah saged ugi dipunwastani medhar sabda, medhar tegese ngandharake utawa ngetokake, sabda tegese omongan/pocapan, dadi medhar sabda yaiku ngandharake satunggaling bab (gagasan) kanthi omongan/pocapan.

A.Bab ingkang kedah dipungatosaken kaliyan pamedharsabda (wong sing sesorah), yaiku :

1.Basa : ingkang dipunagem kedah laras/cocok kaliyan sinten ingkang dipunadhepi lan swasanane. Basa krama menawa sing diadhepi para pinisepuh sing kudu dikurmati. Basa ngoko menawa sing diadhepi bocah-bocah utawa sapadane.

2.Solah Bawa : utawa patrap (sikap sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang lan anteng (ora kakehan obah sing ora perlu), ora ndangak utawa ndhungkluk terus dados saged ngatekake marang audiens ingkang wonten ngajengipun.

3.Wiramane : swara prayogane kepenak dirungokake, ora keseron mbrebeki (manawa nganggo mik lambe ora cedhak-cedhak mike, supaya suarane cetha) lan ora lirih banget, cetha, ora groyok (gagap).

B.Urutane sesorah

1.Uluk salam/salam pambuka

Isine ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.

2.Pamuji

Isine muji sukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan

3.Wigatining atur / isi

Isine ngaturake apa sedyane, upamane ngaturake pambagya supitan, temantenan, sukuran utawa ngandharake ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lsp.

4.Pangarep-arep

Isine nyuwun donga pangestu supaya bab sing digayuh bisa kaleksanan

5.Panutup

Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangan anggone sesorah lan pungkasi kanthi nuwun utawa salam.