Aksara Hanacaraka kagolong aksara jenis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asale saka Tanah Hindhustan. Yen bentuke, aksara Hanacaraka wis ana kaya saiki wiwit kurang luwih abadkaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenenge dijupuk saka limang aksara wiwitane yaiku “hana caraka”. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:

—“Hana caraka” tegese “Ana utusan”

—“Data sawala” tegese “Padha regejegan”

—“Padha jayanya” tegese “Padha digjayane”

—“Maga bathanga” tegese “Padha dadi bathang”.

Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening AjiSaka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati : Dora lan Sembada. Lorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

—Sajarah aksara Jawa Hanacaraka

1.Aksara Pallawa

Aksara Pallawa iku asale saka India sisih kidul. Jenis aksara iki digunakake ing kiwa-tengene abadkaping 4 lan abadkaping 5. Bukti kapisan panganggonan jenis aksara iki ing Nuswantara ditemokake ing pulo Kalimantan sisih wetan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakake ing puloJawa ing tlatah Sundha ing prasastine Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengene taun 450. Ing Tanah Jawa dhewe aksara iki kagunakake ing PrasastiTukMas lan PrasastiCanggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabeh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Hanacaraka. Yen dideleng aksara Pallawa iki rupane makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur meh kabeh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif. Serif-e tinulis ing sisih kiwa.

Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abadkaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.

2.Aksara Kawi Wiwitan

Prabedan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamane gayane. Aksara Pallawa iku ketara yen sawijining aksara monumental sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katone utamane aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulane bentuke dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakake watara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahe akeh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabeh prasasti sing ditemokake ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokake ing PrasastiPlumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskerta.

3.Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawise taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wetan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhe ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatine aksara Kawi Pungkasan ora beda akeh ing wujude karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayane wae sing dadi rada seje.

Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wetan sadurunge taun 925 uga wis beda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katone prabedan iki ora namung prabedan ing wektu wae nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibedakake papat gaya aksara sing beda-beda :

1.Aksara Kawi Jawa Wetanan saka taun 910 – 950;

2.Aksara Kawi Jawa Wetanan saka jaman prabu Airlangga (10191042);

3.Aksara Kawi Jawa Wetanan Kedhiri (kurang luwih 11001220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).

4.Aksara Majapait

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 – 1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wetan. Aksara Majapait iki uga nuduhake pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupane endhah. Gayane semu kaligrafis.

Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhern.

Sawise jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalane sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abadkaping 16 utawa awal abadkaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani “jaman peteng”. Amerga sawise iku nganti awal kaping 17 meh ora ditemokake bukti panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuke sing modhern.

5.Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka

Sawise jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) maneh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex (“kodheks”). Naskah-naskah iki ditemokake ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.

Bentuke aksara Hanacaraka Anyar iki wis beda karo aksara sadurunge kayata aksara Majapaitan. Prabedan utama iku anane serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.

Aksara-aksara Hanacaraka awal iki bentuke memper kabeh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akire pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pegon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka kabeh aksara iku, aksara Bali sing bentuke tetep padha nganti ing abadkaping 20.