Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.

Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku :

1.Tembung-tembunge pilihan lan mentes

2.Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)

3.Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :

a.Tembung-tembung kawi

b.Purwakanthi

c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute

4.Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :

a.Ater-ater a

b.Seselan in lan um

c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa

5.Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.

Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :

1.Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)

2.Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan

Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)