A. Rasa Seneng

Jem setengah pitu Dita budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit Bapak lan Ibune. Nalika pamitan, astane Bapak lan Ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Dita diparingi dhuwit Bapake Rp. 10.000,00,- supaya dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah, Dita seneng banget. Tembunge, “Alhamdulillah, matur nuwun Pak” astane Bapake diambung maneh. Ulate seneng sumringah. Bapak nyambungi, ngendikane, “Ya, padha-padha. Sinaua kang sregep, dimen pinter.”

Satekane ing sekolahan Dita crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki aku diparingi dhuwit bapakku kanggo tuku piranti tulis”.

Manawa wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapake ukara isi pangalem dikantheni polatan sumeh, nyenengake, kebak rasa kabagyan lan bombong ing ati.

Tulada liyane :

1. Hore simbah rawuh!

2. Aha! Aku diparengake plesir ing kraton!

3. Alhamdulillah, bijiku entuk sepuluh!

4. Marem aku, ngrungokake swaramu kang gandem!

5. Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Tamansari!

B. Rasa Ora Seneng

Nalika Pak Guru lagi nerangake ing ngarep kelas. Soni uthik dolanan garisan. Malah garisane dithuthuk-thuthukake ing meja (kothekan). Mesthi wae Pak Guru ora seneng. Ora dadi kersane. Mula ngendikane, “Son, coba digatekake sedhela . Aja kothekan kaya mangkono. Mesakake kancane sing gelem ngrungokake. Aku ora seneng kowe kothekan. Manawa kowe durung seneng wulangan iki, ya tulung diampet sedhela”. Krungu mangkono kuwi, Soni banjur ndhingkluk, rumangsa luput. Dheweke banjur maju ing ngarep kelas, sirahe tetep ndhingkluk, tangane ngapurancang, matur Pak Guru. “Nyuwun pangapunten Pak, kula klentu, boten badhe kula ambali malih. Saestu kula nyuwun pangapunten”.

Manawa wong duwe rasa ora seneng, lumrahe banjur kawetu ukara kang isi panacad dikantheni polatan kang ora nyenengake lan swara kang rada seru. Sanajan didukani Pak Guru, Soni tetep kurmat, ngakoni kaluputane. Mula becike saben wong bisa tetep kurmat marang panemu lan tumindake wong liya sanajan kabeh mau ora cocog karo panemune dhewe.

Tuladha rasa ora seneng liyane :

1. Wah piye ta iki, wis dienteni wiwit esuk kok ya tetep durung njedul!

2. Dhuh Gusti, bocah iki dikandhani bola-bali kok ora ana owah-owahane!

3. Carane matur Ibu Guru ngono kuwi bener. Hayo, dibaleni maneh!

4. Wadhuh, wadhuh, bocah kok nakale ora karuan.

5. Aku emoh maca cerbung, kesuwen, luwih seneng maca cerkak.

Kapethik saka “Kalaka Basa 2”, Radhita Buana, 2002