Kapundhut Saka Panjebar Semangat Tanggal 21 Februari 2009.
Kacariyosaken Malih Dening Agustin Eka Saputri

Wiwit jaman kuna makuna bangsa jawa iku duwe sistem paprentahan sing bisa mengkoni kawula.Mula ora jeneng aneh yen panguwasane raja-raja Jawa iku tansah dadi undering rembug ing babagan sejarah.Partahadingrat ana sertane"Perjalanan Panjang’Praja Kejawen’:Kabupaten di Yogyakarta lahir 1831 Menjadi ’Daerah Istimewa’ 1945" ngandarake pasang surute paprentahan ing tanah jawa.Manut dheweke sing di karepake Praja Kejawen yaiku kraton – kraton Jawa sapurnane Majapahit,yaiku nalika jamane Mataram.Praja Kejawen kaperangan dadi telung wewengkon:(1) Nagari,(2) Negaragung,lan (3) Mancanagari.

Nagari utawa ibu kota dadi punjere paprentahan.Negaragung dhaerah sakiwa tengene Nagari,minangka dhaerah lewah palungguh(bengkok)para patuh (para bangsawan/punggawa sing kaparingan ampilan lemah saka ratu).Sing kalebu Negaragung yaiku dhaerah MATARAM Proper (Ngayogyokarto),Pajang,Bagelan,Kedu,Bumigedhe(dhaerah Surakarta Kidul Kulon),lan Semarang iring kidul.Dhaerah Negaragung diasta dening Bupati Nayaka sarta di keparenganake narik pajek kaping pindho saben setaune bebarengan karo Grebeg Mulud lan Grebek Sawal.Para Bupati Nayaka di wajibake mapan ing kutha kanggo njaga keslametan.Bupati Nayaka ana rong (2) werna golongan Nayaka:Nayaka Lebet lan Nayaka Jawi.Saben Nayaka mau cacahe ana papat ,dadi kabeh gunggunge ana wolung Nayaka.Nayaka leaet ngasta paprentahan ing njeron kutha lan kraton,dene Nayaka Jawi kagungan wewenang ing wewengkon Negaragung.Sing kagolong Nayaka Lebet dumadi saka Nayaka Keparak Tengen (panggedhene kepolisian lan pengadilan),Nayata keparak Kiwa (pengageng keprajuritan),Nayaka Gendhong Tengen kajibah ngurusi pajek kanggo kraton,lan Nayaka Gendhong Kiwa ngurusi mlebu-metune bandha praja.Nayaka Jawi,yaiku Nayaka sing mbawahi dhaerah Bumi (Kedu),Siti Sewu (Bagelen),Bumigedhe.Lan ana siji maneh Nayata Penumping (dhaerah Surakarta Tengah).Susunan kaya mangkene iki tinemu duk jamane Sunan Mangkurat 1 (sadurunge 1685).

MANCANAGARI dhaerah ing sanjabane Nagaragung lan ora dadi lemah palungguh.Mancanagari diasta dening Bupati Mancanagari sarta nduweni kuwajiban setor pajek marang ratu.Awit saka iku,Mancanagariuga katelah Siti pamaosan Dalem.Bupati Mancanagari di keparengake mapan ing dhaerahe. Wewengkon Mancanagari dumadi saka Banyumas (uga di sebut Selarong),Madium (utawa Purubaya),Kediri (Blitar),Japan (dhaerah lor kulon Surabaya),Jipang (Bojonegara),Keduwang (Kidul wetan Surakarta),sarta dhaerah-dhaerah sing ora pati subur.

Batas antarane Mancanagari lan Negaragung katelan wates utawa Rangkah.Mulane, dhaerah Mancanagari uga disebut dhaerah Jabanrangkah utawa Jawikori.Dene ing kelebu dhaerah Jabanrangkah yaiku wewengkon Tempuran Tersena (Pekalongan iring kidul wetan).Nalika kraton Mataram pindhah ing kartasura duk 1680,wewengkon mau kaparingan patuh.Patuh ing kono katelan patuh Jabanrangkah.

Paprentahan

Tumekane perjanjian Giyanti (1755),pamerentahan praja kejawen tatarane mangkene:pangkat sing dhuwur dhewe sabubare Ratu di asta dening pepatih dalem.Dene patih iku ana werna loro,yaiku patih jawi sing ngasta paprentahan ing Negaragung ; lan patih Lebet/patih Jero sing kagungan pangwasa ing sajroning kutha lan kraton.Nanging,patih lebet/patih jero di busek wiwit taun 1755.kejaba Patih,ana ing paprentahan,uga ana golongan kadipaten sing di asta dening Gusti pangeran Adipati Anom kang kagungan Patih kabupaten.Nanging,ing Ngayogyokarto,ing jamane Sri Sultan Hamengkubuwana IX banjur tumuli dibusak.

SemangkaSinigar

Nalika 13 Februari 1755 perjanjian Giyanti di tapak kastani,Kraton Mataram kaperangan loro kadya semangka sinigar:Hadiningrat lan Ngayogyakarta Hadiningrat.Sing dikarepake di sigar iku dudu dhaerahe nanging cacahe patuh.