Kapethik saking Kalawarti Panjebar Semangat, Edisi Sabtu, 14April 2003

Dipun Cariyosaken malih dening Leny Dwi Kurniasih

Tembung tradhisi nggadhahi ateges adat lupiya (tuladha), utawi nindakaken salah satunggaling tata upacara ingkang sampun lumampah turun-maturun katindakaken, kados dene sampun hambalung sungsum. Wondene sekaten saged dipun tegesi Sahadatein utawi kalimah sahadat. Dumugining puncak upacara, mbarengi ing tanggal 12 wulan Mulud. Ingkang saperlu mangayubagya, ngluhuraken saha amengeti Maulid Nabi Muhammad SAW.

Tumrapipun Surakarta lan Ngayogyakarta, upacara sekaten manggen wonten ing Mesjid Ageng celak kaliyan papan bawera inggih punika alun-alun. Kirang langkung setengah wulan saderengipun dumugi ing puncak acara, tiyang-tiyang sampun wiwit sami mbikak sesadeyan-sesadeyan, pameran-pameran, tetingalan-tetingalan tuwin sakpiturutipun minangka kangge nambahi regengipun suwasana adicara.