Archive for Maret, 2010


LAYANG

Layang iku umume arapa dluwang sing tinulisan dikirimake minangka gantine rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalane.

Warna-warnane layang:

  • Layang biwara (layang lapuran, layang keterangan)
  • Layang Iber-iber (layang edaran, layang Kiriman, ana sambung rapete karo sedulur)
  • Layang Dhawuh (layang perintah, layang tugas, ana sambung rapete karo kantor)
  • Layang Ulem (layang undangan)
  • Layang Lelayu
  • Layang Kitir (layang kang ditulis cekak aos)

Perangane layang

1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratelake papan kutha lan tanggal panulise layang.

2. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.

3. Adangiyah (adawiyah). Mratelake unggah ungguhing basa paprenahe kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang. Apa marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamane pakdhe budhe.

a. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu           diajeni.

b. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhane.

c. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkate luwih dhuwur.

d. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.

e. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya         anake dhewe.

f. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha.

g. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.

h. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwane dhewe, umpamane :              Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.

i. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamane : marang ipene        kang kaprenah tuwa.

j. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging                   kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan        sapiturute. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau.      Amarga ana pakèwuhe anggone arep nandukake unggah-ungguh.

4. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layanging padatan anelakake awèh atur kabar kaslametan kasarasan lan katentreman.

5. Isi (surasa basa). Mratelake apa sajatine isi layang.

6. Panutup (wasana basa). Panutup isi adate pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.

7. Tapak asma.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Layang

Tuladha :


Layang Ulem :

Gombong, 5 Agustus 2009


Kanggo kanca-kancaku sing taktresnani

Ing papane dhewe-dhewe

Nuwun,

Nyaosi kawuningan bilih pahargyan dinten kamardikan bangsa kita sampun badhe dipun pengeti, pramila sampun wigatos sanget kagem sedaya panitia pengetan kasebat ngawontenaken rapat panitia. Acara punika badhe kaleksanan :

dinten : Setu

tanggal : 8 Agustus 2009

wektu : 19.30 – bibar

mapan ing : Gang Jambu No. 3 Gombong

kawigatosan : Rapat Panitia Pengetan Dinten Kamardikan RI

Saestu, rawuh panjenengan sedaya dipun antu-antu amargi acara kasebat wigatos sanget.

Pangarep-arep lan atur panuwun ngiring panutuping layang iki.

Ketua

Eka Purwa


Layang Pribadi :

Salatiga, 10 januari 2009

Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen

Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak                                  ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi                                        Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapak                            lan ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak                                  ibu punapa dene ingkang wayah badhe sowan eyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton                                        Surakarta, ningali tetilaripun para raja.

Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun                            pangapunten.

Ingkang wayah Sukartini

Margi Dipanegara angka 136


Layang Kitir :

Mas Panggah, manawi kepareng lan dados renaning penggalih mangkeh sonten sak bibaripun nyambut damel kula tengga wonten griya kula, badhe pirembagan babagan sekolahipun Dik Pinasti wonten Jogja. Kula tengga rawuhipun.

Adhimu

Kutowinangun, 1 Desember 2009

Pantes

UKARA CAMBORAN

Ukara camboran (kalimat majemuk) yaiku ukara sing dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang digandheng dadi siji. Gandhenge ukara lamba dadi ukara camboran lumrahe migunakake tembung pangiket, kaya ta lan, nanging, mulane, utawa tandha wacan koma (,). Ukara camboran ana telu jenise kaya ing ngisor iki.

1.Ukara Camboran Sejajar (Kalimat Majemuk Setara)

Ukara camboran sejajar yaiku ukara camboran kang dumadi saka kumpulane ukara lamba loro utawa luwih.

Tuladha :

Ula mau bisa caturan kaya manungsa lan bisa mujudake apa-apa sing maune ora tinemu nalar kaya mbarang sulapan.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara lamba

a.Ula mau bisa caturan kaya manungsa.

b.Ula mau bisa mujudake apa-apa sing maune ora tinemu nalar kaya mbarang sulapan.

Ukara camboran sejajar uga ana kang nuduhake kosok balen. Tegese ukara kang siji surasane kosok balen karo ukara liyane.

Tuladha :

Mbok Randha bingung anggone kepengin nuruti panjaluke anake, nanging uga kaweden Manawa oleh duka saka retune.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara, yaiku :

a.Mbok Randha bingung anggone kepengin nuruti panjaluke anake.

b.Mbok Randha uga keweden menawa oleh duka saka retune.

Rong ukara kasebut karaketaken nganggo tembung penggandeng nanging

Ukara camboran sejajar uga bisa nelakake sebab-akibat. Tegese ukara kang siji surasane dadi sebab utawa akibat ukara liyane.

Tuladha :

Wong-wong padha wedi marang kowe, amarga wewujudanmu ora lumrah.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong ukara, yaiku :

a.Wong-wwong padha wedi marang kowe.

b.Wewujudanmu ora lumrah.

Rong ukara kasebut karekatake nganggo tembung panggandheng amarga.

2.Ukara Camboran Raketan (Kalimat Majemuk Rapatan)

Ukara raketan yaiku ukara camboran kang gathuke ukarane luwih raket nganti ana peranganing ukara siji ora kasebutake maneh. Amarga wis dikandhakake ing ukara sadurunge. Perangan kang karaketake bisa jejer (J), wasesa (W), lesan (L), katerangan (K).

Tuladha :

Untung Surapati banjur nesu lan merjaya letnan Walanda.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong tembung, yaiku :

a.Untung Surapati banjur nesu.

b.Untung Surapati merjaya letnan Walanda

Ukara kasebut kagandheng dening tembung panggandheng lan. Dene sing ngraketake jejere (Untung Surapati)

3.Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)

Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih, nanging ukara sing siji dadi katrangan ukara liyane. Ukara camboran susun uga diarani ukara camboran ora sejajar.

Tuladha :

Untung Surapati banjur diwenehi pakaryan nyekel Pangeran Purbaya, putra Sultan Agung saka Banten kang oncat menyang Priangan.

Ukara kasebut yen diudhari dumadi saka rong tembung

a.Untung Surapati banjur diwenehi pakaryan nyekel Pangeran Purbaya.

b.Pangeran Purbaya, putra Sultan Agung saka Banten kang oncat menyang Priangan.

Ukara kapisan minangka ukara baku (kalimat inti), dene ukara kapindho minangka ukara pang (anak kalimat)

Tuladha liyane :

a.Nina kae anake wong sugih, nanging watake andhap asor.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Nina kae anake wong sugih.

Nina kae watake andhap asor.

b.Bapak maos Koran, ibu jait klambi, lan aku sinau ing kamar.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Bapak maos Koran.

Ibu jait klambi.

Aku sinau ing kamar

c.Aku mempeng sinau, kareben lulus sekolah.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Aku mempeng sinau.

Aku pengen lulus sekolah.

d.Bocah kuwi nakal banget, mulane ora disenengi kanca-kancane.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Bocah kuwi nakal banget.

Bocah kuwi ora disenengi kanca-kancane.

e.Disti bocah jujur tur ora gelem nglarani atine kancane.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Disti bocah jujur.

Desti ora gelem nglarani atine kancane.

f.Aku ora sida lunga menyang Magelang amarga ora dikeparengake bapak.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Aku ora sida lunga menyang Magelang.

Aku ora dikeparengake Bapak menyang Magelang

g.Budi melu pelajaran ekstrakurikuler pramuka, dene Danu melu pelajaran musik.

Ukara ing duwur kadaden saka ukara :

Budi melu pelajaran ekstrakurikuler pramuka.

Danu melu pelajaran musik.

KALENDHER JAWA

Sultan Agung wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah utawa tanggal 8 Juli 1633 Masehi, ngowahi kalendher Pranata Mangsa lan njumbuhake karo kalendher Hijriyah (kalendher Islam).

A.Jeneng Dina

Jawa Anyar

Jawa Kuna

Watake

Tegese

Neptu

Ngaat/minggu

Dite/adite

samudana

Seneng imba-imba

5

Senen

Soma

samuwa

Kudu apik kabeh pakaryane

4

Selasa

Hanggara

sujana

Sarwa ora percaya

3

Rebo

Buda

sembada

Sarwa kuwat lan mantep

7

Kemis

Respati

surasa

Seneng mikir jero

8

Jemuwah

Sukra

suci

Resik tingkah lakune

6

Setu

Tumpak

Kasumbung

Seneng pamer

9

B.Jeneng Pasaran

Pasaran
Makna
Patrap
Watake
Tegese
Dasanama
Neptu
Pahing
Pait
Madhep
Melikan
Seneng marang barang kang katon
Jenar
9
Pon
Petak
Sare
Pamer
Seneng mamerake kang didarbeki
Palguna
7
Wage
Cemeng
Lenggah
Kedher
Kaku atine
Cemengan
4
Kliwon
Asih
Jumeneng
Micara
Seneng ngubah basa
Kasih
8
Legi
Manis
Mungkur
Komat
Sanggup nampa werna-werna kahanan
Manis
5

C.Jeneng Wulan

Cacahing wulan ana ing kalendher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterane ora padha karo kalender Masehi, amarga diitung miturut peredharane bulan. Yen dipadhakake karo kalendher Masehi, saben tau nana geseh watara 11 dina. Jeneng wulan ana ing kalendher Jawa yaiku :

1.Sura

2.Sapar

3.Mulud

4.Bakdamulud

5.Jumadilawal

6.Jumadilakhir

7.Rejep

8.Ruwah

9.Pasa

10.Sawal

11.Sela

12.Besar

D.Jeneng Taun

Taun Jawa cacahe ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Jeneng lan umure taun Jawa yaiku :

1.Alip (Purwa) umure 354 dina

2.Ehe (Karyana) umure 355/354 dina

3.Jimawal (Anama) umure 354 dina

4.Je (Lelana) umure 354/355

5.Dal (ngawangga) umure 355 dina

6.Be (Pawaka) umure 354 dina

7.Wawu (wusana) umure 354 dina

8.Jimakir (swasana) umure 355 dina .

žTembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurane swara kang metu seka pocapan.

žTembung uga nduwe teges gabungane aksara kang nduwe arti ing sawijining basa.

žPERANGANING TEMBUNG

žJenis

ØTembung Lingga

ØTembung Andhahan

žAktif/Pasif

ØTembung Tanggap

ØTembung Tanduk

žWewangunan Tembung

ØTembung Garba

ØTembung Saroja

ØTembung Entar

ØTembung Camboran

ØTembung Rangkep

ØTembung Rurabasa

žGolongan

ØTembung aran (kata benda), tuladha: méja, lemari, buku.

ØTembungkriya (kata kerja), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu

ØTembung ganti/sesulih (kata ganti), tuladha: aku, kowé, ku, mu, ibu

ØTembung wilangan (kata bilangan), tuladha: setengah, papat, enem

ØTembung sipat/kaanan (kata sifat), tuladha: seneng, susah, apik, putih

ØTembung katerangan (kata keterangan), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor

ØTembung panguwuh (kata seru), tuladha: ah. èh, adhuh, wah

ØTembung sandhangan (kata sandang), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai

ØTembung panyambung (kata sambung), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané

ØTembung pangarep (kata depan), tuladha: ing, sing, saka, menyang

žTEMBUNG MITURUT Wewangunan Tembung

ØTembung Camboran

ØTembung Saroja

ØTembung Garba

ØTembung Entar

ØTembung Rangkep

ØTembung Rurabasa

žTEMBUNG CAMBORAN

žPangertosan tembung camboran yaiku tembung loro kang beda tegese dianggo bebarengan banjur bisa ngasilake (nuwuhake) tembung kang tegese anyar, bedo karo tembung loro mau.

žTuladha : Sambene ngingu raja kaya, sapi lan wedhus, uga ngingu pitik.

žTembung raja kaya asale saka tembung raja (panguwasa kerajaan utawa kraton) lan kaya (pametu, sugih).

žBareng dicambor dadi raja kaya tegese anyar, yakuwi kewan ingon-ingon sikil papat kang ngasilake, contone : sapi, wedhus lan liya-liyane.

žTEMBUNG SAROJA

žPangertosan tembung saroja yaiku tembung kang padha tegese utawa meh padha tegese dianggo bebarengan lan wis gumathok pasangane.

žTuladha : Parine Pak Sutarma tumpuk undhung.

ØTembung tumpuk tegese padha karo undhung

žTEMBUNG GARBA

žPangertosan tembung garba yaiku tembung loro kang digandheng dadi siji, tembung kang nggandheng kapungkasan aksara swara (vokal) dene kang digandheng kawiwitan aksara vokal.

žAksara vokal mau luluh dadi sijidhi”.

žTuladha :

Øana +ing = aneng

Ølumebu +ing = lumebeng

Øjalu+estri = jalwestri

žTEMBUNG ENTAR

žPangertosan tembung entar yaiku tembung silihan utawa tembung sing duwe teges ora salumrahe utawa salugune. Ing basa Indonesia diarani “arti kiasan”.

žTuladha :

ØDheweke pingget atine jalaran diece kancane.

pingget atine : serik

ØDak rewangi adus kringet nanging Pangeran durung marengake.

adus keringet : mempeng, ngaya

žTEMBUNG RANGKEP

žPangertosan tembung rangkep yaiku sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda) kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yaiku : tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.

žTuladha : undur-undur, tetuku, cekikik

žTEMBUNG RURABASA

žPangertosan tembung rurabasa yaiku tembungsing ajeg panganggoné sanadyan salah kaprah.

žTuladha :

Ømangan awan = mangan sega wanci awan

Ømènèk klapa = mènèk wit klapa

Sesorah wonten ing basa Indonesia dipun sebat pidato. Sesorah yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah. Sesorah saged ugi dipunwastani medhar sabda, medhar tegese ngandharake utawa ngetokake, sabda tegese omongan/pocapan, dadi medhar sabda yaiku ngandharake satunggaling bab (gagasan) kanthi omongan/pocapan.

A.Bab ingkang kedah dipungatosaken kaliyan pamedharsabda (wong sing sesorah), yaiku :

1.Basa : ingkang dipunagem kedah laras/cocok kaliyan sinten ingkang dipunadhepi lan swasanane. Basa krama menawa sing diadhepi para pinisepuh sing kudu dikurmati. Basa ngoko menawa sing diadhepi bocah-bocah utawa sapadane.

2.Solah Bawa : utawa patrap (sikap sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, ngapurancang lan anteng (ora kakehan obah sing ora perlu), ora ndangak utawa ndhungkluk terus dados saged ngatekake marang audiens ingkang wonten ngajengipun.

3.Wiramane : swara prayogane kepenak dirungokake, ora keseron mbrebeki (manawa nganggo mik lambe ora cedhak-cedhak mike, supaya suarane cetha) lan ora lirih banget, cetha, ora groyok (gagap).

B.Urutane sesorah

1.Uluk salam/salam pambuka

Isine ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane.

2.Pamuji

Isine muji sukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan

3.Wigatining atur / isi

Isine ngaturake apa sedyane, upamane ngaturake pambagya supitan, temantenan, sukuran utawa ngandharake ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lsp.

4.Pangarep-arep

Isine nyuwun donga pangestu supaya bab sing digayuh bisa kaleksanan

5.Panutup

Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangan anggone sesorah lan pungkasi kanthi nuwun utawa salam.

Aksara Hanacaraka kagolong aksara jenis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asale saka Tanah Hindhustan. Yen bentuke, aksara Hanacaraka wis ana kaya saiki wiwit kurang luwih abadkaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenenge dijupuk saka limang aksara wiwitane yaiku “hana caraka”. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:

—“Hana caraka” tegese “Ana utusan”

—“Data sawala” tegese “Padha regejegan”

—“Padha jayanya” tegese “Padha digjayane”

—“Maga bathanga” tegese “Padha dadi bathang”.

Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening AjiSaka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati : Dora lan Sembada. Lorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

—Sajarah aksara Jawa Hanacaraka

1.Aksara Pallawa

Aksara Pallawa iku asale saka India sisih kidul. Jenis aksara iki digunakake ing kiwa-tengene abadkaping 4 lan abadkaping 5. Bukti kapisan panganggonan jenis aksara iki ing Nuswantara ditemokake ing pulo Kalimantan sisih wetan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakake ing puloJawa ing tlatah Sundha ing prasastine Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengene taun 450. Ing Tanah Jawa dhewe aksara iki kagunakake ing PrasastiTukMas lan PrasastiCanggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabeh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Hanacaraka. Yen dideleng aksara Pallawa iki rupane makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur meh kabeh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif. Serif-e tinulis ing sisih kiwa.

Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abadkaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.

2.Aksara Kawi Wiwitan

Prabedan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamane gayane. Aksara Pallawa iku ketara yen sawijining aksara monumental sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katone utamane aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulane bentuke dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakake watara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahe akeh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabeh prasasti sing ditemokake ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokake ing PrasastiPlumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskerta.

3.Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawise taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wetan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhe ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatine aksara Kawi Pungkasan ora beda akeh ing wujude karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayane wae sing dadi rada seje.

Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wetan sadurunge taun 925 uga wis beda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katone prabedan iki ora namung prabedan ing wektu wae nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibedakake papat gaya aksara sing beda-beda :

1.Aksara Kawi Jawa Wetanan saka taun 910 – 950;

2.Aksara Kawi Jawa Wetanan saka jaman prabu Airlangga (10191042);

3.Aksara Kawi Jawa Wetanan Kedhiri (kurang luwih 11001220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).

4.Aksara Majapait

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 – 1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wetan. Aksara Majapait iki uga nuduhake pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupane endhah. Gayane semu kaligrafis.

Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhern.

Sawise jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalane sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abadkaping 16 utawa awal abadkaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani “jaman peteng”. Amerga sawise iku nganti awal kaping 17 meh ora ditemokake bukti panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuke sing modhern.

5.Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka

Sawise jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) maneh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex (“kodheks”). Naskah-naskah iki ditemokake ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.

Bentuke aksara Hanacaraka Anyar iki wis beda karo aksara sadurunge kayata aksara Majapaitan. Prabedan utama iku anane serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.

Aksara-aksara Hanacaraka awal iki bentuke memper kabeh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akire pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pegon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka kabeh aksara iku, aksara Bali sing bentuke tetep padha nganti ing abadkaping 20.

Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.

Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku :

1.Tembung-tembunge pilihan lan mentes

2.Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)

3.Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata :

a.Tembung-tembung kawi

b.Purwakanthi

c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute

4.Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa :

a.Ater-ater a

b.Seselan in lan um

c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa

5.Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.

Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :

1.Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)

2.Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan

Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.